6/16/16

cintraka

mung telenging ratri kan nyekseni
laraning tyas kang kedlarung keduwung
gawang-gawang pasuryan lugu marikelu
tumancep jero tumama jutul pulung ati
gegawang tansaya cetha, lelakon wingi uni
laku dursila, lena ing pangendha
kang nyurung jangkah tumuju kacintrakan nistha
langit tansaya peteng
glathi landep tansaya jero tumancep
grawalan ngadeg, nderedeg
nanging landepe duwung, tan murca
duh Gusti, paringa pangaksama

0 comments:

Post a Comment

 
;